|
riya Maya
Kabudayan Jawa |
|||||
|
Griya Maya Kabudayan Jawa |
Pungkasan kaéwahan (Terakhir diperbarui): Sabtu Pahing, 13 September 2003 |
||||
| - | |||||
| Kamus Jawa - Indonesia |
Atur pambagya Griya maya kabudayan Jawa punika kabangun minangka wujud katresnanipun pangripta kekalih, ingkang kaleresan kalairaken minangka tiyang Jawi, dumateng kabudayan Jawi. Sesirah Sesotya rinoncé, ateges reroncèn séla aji, nggambaraken ancas tujuwan kula kekalih mbangun griya maya abasa Jawi punika. Blaka suta, kawruhing pangripta ing babagan budaya lan kabudayan Jawi namung sakuku cemeng. Namung adrenging manah kepingin tumut angleluri kabudayan Jawi ingkang anjalari kula kumawantun mbangun griya maya punika minangka wadhah reroncèn kawruh lan karya ingkang magepokan kaliyan kabudayan Jawi punapa déné ingkang kaserat nganggé basa Jawi. Ing pangajab, reroncèn ingkang kapacak ing griya maya punika sageda dados tambahan kawruh ingkang migunani kanggé para rawuh lan sageda nuwuhaken rasa tresna dumateng kabudayan lan masyarakat Jawi. Griya maya punika mangrupi karya pribadi ingkang kagarap yen pinuju wonten kalodhangan wekdal ing saselaning karépotan ngayahi jejibahan sanèsipun. Nanging, kanti wekdal ingkang cupet lan kasagedan ingkang winates, pangripta badhé tansah mbudidaya sasagedipun atur pasugatan ingkang mboten nguciwani. Wanguning pasugatan pancèn kadamel prasaja, mboten njlimet lan kekathahen rerenggan supados para sutresna saged énggal lan lancar ngrawuhi lan mblebet dateng griya maya punika, senaosa ngagem piranti ingkang prasaja. Pangripta tansah ngajeng-ngajeng paringipun panyaruwé lan pitedah saking panjenengan sedaya. Panuwun ingkang tanpa upami kaaturaken dateng para mitra sedaya, ingkang sami nyengkuyung lan paring pambiyantu hambangun griya maya punika.
Nuwun, Sesotya Pita |
Salam Situs kebudayaan Jawa ini dibangun sebagai perwujudan kecintaan insan yang kebetulan sama-sama dilahirkan sebagai bagian dari etnis Jawa terhadap kebudayaan masyarakatnya. Nama "Sesotya Rinonce", yang berarti untaian permata, menggambarkan tujuan kami membangun griya maya berbahasa Jawa ini. Terus terang, pengetahuan kami mengenai kebudayaan Jawa baru seujung kuku. Hanya karena terdorong oleh besarnya keinginan untuk turut serta memelihara dan menjaga kelangsungan hidup budaya Jawa, kami memberanikan diri membangun sebuah griya maya sebagai wadah pengetahuan tentang budaya Jawa serta karya yang ditulis dalam bahasa Jawa. Harapan kami, untaian pengetahuan tersebut dapat menjadi tambahan pengetahuan yang berguna bagi pengunjung situs ini serta mampu menumbuhkan kecintaan terhadap budaya dan masyarakat Jawa. Situs ini merupakan karya pribadi yang penggarapannya dilakukan pada waktu senggang di sela-sela kesibukan rutin kami. Dengan keterbatasan waktu dan kemampuan, kami akan berusaha sekuat tenaga untuk mempersembahkan yang terbaik. Format sajian sengaja dibuat sederhana tanpa terlalu banyak pernik hiasan agar para pengunjung dapat mengakses situs ini dengan cepat, bahkan dengan kecepatan akses yang rendah sekalipun. Penyaji selalu mengharapkan kritik dan saran dari anda sekalian. Terima kasih yang tak terhingga kami haturkan kepada rekan-rekan yang telah memberikan dukungan dan bantuan dalam penggarapan situs ini. Salam, Sesotya Pita
|
|||
| Basa Jawa (Bahasa Jawa) | |||||
| Carakan (Tulisan Jawa) | |||||
| Kasusastran (Kesusastraan) | |||||
| Karawitan (MusikJawa) | |||||
| Wayang | |||||
| Imbal wacana (Diskusi) | |||||
| Milis Jawa | |||||
| Javanese chatters | |||||
|
Karoncé dèning (digarap oleh) : Sesotya Pita |
|||||
|
Wiwitan kapacak: Minggu Pon, 11 Agustus 2003
|
Menawi panjenengan kagungan karya tulis utawi bahan sanèsipun ingkang dipun kersaaken kapacak ing griya maya punika, kula aturi ngintunaken dateng alamat email ing ngandap: Bila anda mempunyai karya tulis atau materi lain untuk disajikan di griya maya ini, mohon disampaikan melalui alamat email di bawah: |
Buku tamu
|
|||
|
|
|||||